Hiah, Sesorah Maning

Hiah, saya kebagian tugas sesorah dalam suatu kelompok dan menjabat sebagai Ibu Kepala Sekolah(ceileh, ada wibawanya aja enggak…. Moga ga mati gaya. Hoho). Karena saya tidak fasih berkrama-ria dan yo kebetulan ndak ada yang bisa bantu banyak buat bikinin saya pidato, “terpaksa” saya buat sebisa saya dengan bahasa yang tidak muluk-muluk bahkan entah benar atau tidak. Hehe. Ceritanya pidato acara perpisahan kelas XII. Kalau para pembaca mau membetulkan atau memberi masukan, saya akan senang sekali. Ini dia hasil “karya” saya. Cekkiddot….

Bismillahirrahmannirrahim,



Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan, Bapak Ketua Komite, Bapak-Ibu Guru, karyawan, saha wali murid. Ingkang kula tresnani, siswa-siswa SMA N 1 Kalasan. Puji syukur konjuk ngersanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi kanikmatan, saengga kita sedaya saget makempal ing pawiyatan menika. Shalawat saha salam ugi kita aturaken dumathen kanjeng nabi Muhammad SAW. Ingkang sampung maringi pitedah dumatheng kita sedaya.


Para rawuh sedaya, kula minangka Kepala Sekolah, ngaturaken panuwun dumatheng panjenengan sedaya awit sapun rawuh ing acara perpisahan kelas XII menika.

Bapak-Ibu Guru uga sedaya para rawuh, ing akhir tahun menika kula ngraosaken bungah sanget amargi prestasi ingkang dipunraih anak-anak kula kelas XII, inij menika kelulusan kanthi 100% uga biji ingkang sae. Mugi-mugi kesaenan menika saget dados tuladha ingkang becik kangge adik-adik kelas saengga saget langkung becik ing kalulusan tahun ngajeng. Amin.

Kula ugi badhe ngaturaken agunging pinuwun dumatheng Bapak-Ibu Guru saha wali murid ingkang sampun ndidik utawi nuntun putra-putri kelas XII menika anggene ngawruh ilmu lan ngadepi ulangan nasional kanthi sukses.

Anak-anak kula ingkang kula tresnani, kula mingangka wakil saking Bapak-Ibu Guru ngaturaken pangapunten mbokbilih anggenipun ndidik panjenengan wonten kalepatan. Mugi-mugi anak-anak kula ingkang sampun lulus saget nglajengaken pendidikan ingkang langkung inggil.

Cekap semanten, ing wasana mbok bilih wonten tuna dungkapipun angge kula matur wonten ngarsa pnjenengan, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah,







1 comment:

Left your words here. . Don't be silent reader ^^ comments are loveable

Powered by Blogger.